SMS
Thank U, May God Bles U
mangkono surasane SMS-mu
SMS tembaru dhek wengi
wengine dina kapisan
ing warsa kebak pitakon
pitakonku marang panjenengan
perahu iki mili nyang ngendi
kira tengen ngarep mburi
jurang wadon jurang lanang
Peace, Love and Harmony on earth + on heart
mangkono unine SMS-ku mangsuli
SMS tembaru kebak pandonga
ing kasunyatan kang kebak ireng
putih jumpalitan
Jakarta, 2003
Tidak ada komentar:
Posting Komentar