MUNG
Ya mung suwara pulpenku
kang mlayu banter
muter batin lan pikiran
kanthi pisan pindo suwara jingkleng anyela
liwat kuping arep nyolong getih bang
Ya mung suwara napasku
kang laras karo dhag dhig dhuging jantung
ajek kerep ajeg kerep
Ah, rasa kangenku sing tansah
jerat-jerit
ora mung wngi iki wae
nanging wiwit durung kapanggih
baba biyung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar