SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu
kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar
kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen,
awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget
perawakane.
Mlakune cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu
dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
” Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene
gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut.
Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake
sumelip ing atiku.
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk
esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo
kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin.
Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi
Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku
langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing
morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih
ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca.
Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek
nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika
kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane
Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng
nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku
kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak
banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku
ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina,
pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung
marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo
Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak
kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku
sing lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu
mboh ning endi.
Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis
seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri
ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri.
Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri
kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri
marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat
omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung.
Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku
ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero,
ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok
bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca
isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri.
Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe
penyakit sing serius. Wis pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe
obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri
nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane
wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat.
Sanajan mengkno, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen
banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning
SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe
penyakit sing padha karo Adri. ” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha Bu, saiki Adri ting pundi? ” pitakonku nyela
critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku
wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk, ” Adri wis nyusul Bapake.”
wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis
ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo
cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku
manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
” Sadurunge lunga, Adr pesen karo Ibu kareben surat
iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi
kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.”
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku
nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane,
malah sahabate.
” Dri, aku njaluk ngapura yo .. .”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar